Pair of Vintage Old School Fru

NYUWUN HIDAYAH & KEMAKMURAN

Aduh Gusti kula nyuwun dateng Panjenengan
mugi Gusti paring hidayah dateng kula sedanten

Khususipun dumateng penduduk Indonesia
mugi sedaya rakyatipun Iman lan Taqwa

Ingkang dados pemimpin atanapi rakyat
sugih, mlarat, tuwa, enom sami taubat lan taat

Mugi Gusti dadosaken daerah Indramayu
daerah ingkang subur, makmur lan uga maju

Maju syiar Islame lan ekonomine rakyat
lan mugi rakyatipun mboten wonten kang mlarat

Mugi Gusti dadosaken Kedungdawa makmur
desa kang qoryatun thoyyibatun wa Robbun ghofuur

Ya Mujiibas sa-ilin ya Qoodhiyal hajati
nyuwun do'anipun kula disembadani

Ket: lagu ya Robbi bil Mustofa

karya: Irfanun Nada

Halaman awal dilaga